Langsung ke konten utama

Unggulan

Ki Ageng Suryomentaram: Pencari Bahagia di Balik Kemewahan Istana

 Perjalanan dari Istana ke Kesederhanaan Ki Ageng Suryomentaram, lahir pada 20 Mei 1892, adalah putra ke-55 dari Sri Sultan Hamengku Buwono VII dan Bendoro Raden Ayu Retnomandojo. Awalnya bergelar Bendoro Pangeran Haryo (BPH) Suryomentaram, ia dikenal sebagai bangsawan yang memutuskan untuk meninggalkan kemewahan istana demi mencari makna kehidupan sejati. Pencarian ini bermula saat ia menyaksikan beratnya perjuangan para petani di sawah, sebuah pemandangan yang mengguncang batinnya. Tak lama kemudian, ia meninggalkan istana dan mengembara dengan nama samaran Natadangsa, menjalani hidup sebagai pedagang batik, petani, hingga kuli. Kesederhanaan hidup ini membuka hatinya untuk memahami makna kebahagiaan sejati. Filsafat Bahagia: Kawruh Begja Ki Ageng Suryomentaram menjadi guru dari aliran kebatinan bernama Kawruh Begja (Ilmu Bahagia). Ajarannya yang terkenal, Aja Dumeh (jangan menyombongkan diri), menekankan pentingnya kerendahan hati dan menghargai kesetaraan manusia. Menurutnya, b...

Pitulunging Gusti


 Kutha sing isine macem-macem kewan banyu sing urip bebarengan. Kura-kura katon beda karo liyane, kura-kura sing urip dhewe tanpa wong tuwa mesthi dikucilake lan disingkirna karo kanca-kancane. Saben esuk kura-kura tansah nindakake rutinitas kanthi dadi kuli ing pasar supaya bisa urip senajan diolok lan dienyĆ©k bocah-bocah seumurane sing sansaya ngusir dheweke. Kanthi ati sing sabar lan ikhlas, kura-kura tansah nrima apa wae kang diomongke kanca-kancane ngenyek dheweke.

Kahanan ekonomi ndadekake kura-kura ora bisa sekolah kaya kanca-kancane, nanging kura-kura tansah gelem sinau lewat media apa wae kaya dene maca kabeh tulisan sing ditemoni, utamane koran wingi sing ora payu didol. Esuk-esuke dadi kuli nganti awan, kura-kura istiqomah ngresiki kuburane wong tuwane sawise bali saka pasar. Ngresiki makam, nyebar kembang, lan ndedonga ora liya mung ngarep-arep restu saka wong tuwa sanajan beda alam. Amerga dheweke percaya beda alam iku ora dadi patokan yen bekti marang wong tuo, dheweke percaya yen bekti marang wong tuo bakal intok welas asihe gusti pangeran. Sawise bali saka kuburan, ana ibu dodolan sing ora kuwat nyurung kreta, kura-kura weruh iki, kura-kura cepet-cepet nyedhaki ibune. Bantu nyurung gerobak nganti tekan papan kang dadi panggonan dodolane, sanadyan ibune meneng wae, kura-kura mangsuli karo mesem, banjur kura-kura mulih. Ing sadawane dalan, kura-kura tansah sinau, maca lan maca apa wae seng neng ngarepe nganti ora ana tulisan ing ngarep mripate  kura-kura banjur mandheg maca. Tekan omah, kura-kura ngresiki sekabehane saka pojok omah sing cilik lan sederhana kanthi rasa seneng. Sawise kesel ngresiki omah, kura-kura ngaso lan mangan kura-kura banjur adus lan sawise iku turu. Nanging lingsire wengi kura-kura tangi kanggo sembayang marang gusti pangeran, supaya pitulungi pangeran nyawiji marang dheweke, masio akeh seng ora seneng karo dheweke kura-kura tansah ikhlas amergo dheweke mung wayange pangeran.

Wektu san soyo mlaku kura kura san soyo gedhe, kura-kura kuwi tuwuh dadi wong diwasa kanthi kebiasaan makarya dadi kuli ing pasar saben esuk nganti kabeh wong pasar kenal dheweke. Kura-kura anggadahi kekarepan nggoleki pasar sing luwih rame kanthi tujuan nambah penghasilan. Kura-kura mlaku ngulon golek pasar sing luwih rame kanti ikhtiar oleh pasar kang iso nampa awake, ing tengah dalan kura-kura dipalak preman sing siap mateni kura-kura yen ora nyerahake bandhane. Preman nyegat “woi meh menyang rindi we, yen lewat dalan iki ana pajake, iki kawasanku sapa bae yen lewat dalan iki kudu bayar" kura-kura mlaku trs  banjur preman mbengok maneh "woy!!!!!, Kowe pingin mati po?" Kura-kura mandek banjur  kalem mangsuli preman-preman kasebut “aku liwat kene golek gawean ning sebrang kana, aku ora duwe apa-apa kok mbok palak, yen aku duwe dhuwit aku ora bakal mrana nggolek penggawean” preman-preman “Alah ndobol itil kura aku ora percoyo , pokok e endi dhuwitmu, dhuwit !!!, tak pateni tenan kowe lo, dang endi !!!!" Kanthi rasa gregetan, preman-preman mau arep mateni kura-kura, parang siap nugel sirahe kura-kura, kanthi tenang kura-kura nyuwun pitulungi pangeran kanti ilmu silat sing dipikolehi saka kura-kura cilik, kura-kura kasebut tenang ngenteni wektu sing pas kanggo mecahake preman kasebut. Premannipun cepet-cepet arep ngethok sirahe kura-kura ananging kura-kura mau ngendhegake serangane nganti perang ora bisa diendheg lan kura-kura rampung menang lan preman-preman mau padha kalah langsung lunga kececeran, kura-kura nerusake lakune tumuju kutha kang rame.

Tekan kutha anyar, kura-kura golek pangan supaya tenagane tetep awet, kura-kura liwat kutha golek pasar supaya bisa langsung intuk pelanggan sing butuh dipanggul barangen. Pasar wis katon, nanging teko masalah gedhe, ing wektu sing padha jebule pasar sing arep dituju bakal digusur dening panguwasa sing pengin nggawe pasar dadi papan judi lan karoke. Mripate katon kuciwa katon ing ngarepe kura-kura masio ono pasar liya ananging kura-kura ngrasa pasa iku cocok karo dheweke, alon-alon kura-kura melu campur masalah iku karo pedagang ing pasar apa masalahe lan kura-kura ngajak konsultasi karo pedagang sanajan pedagang ora ngerti ugi ora kenal karo kura-kura nanging kura-kura buktiaken yen dheweke pada ora sarujuk yen pasar iku dadi papan maksiat, alon-alon para pedagang percaya karo kura-kura  amarga kanthi sopan lan wicaksana takon masalah lan golek solusine. Kura-kura nyuwun para pedagang saget nyatu nyawiji dadi siji, kanggo nolak penggusuran iku, amarga yen para pedagang sak isine pasar iso nyawiji iku luweh gampang timbang dhewekan nolak penggusuran mau.

Dina kapindho penggusuran wiwit nggawa alat-alat abot kanthi asil musyawarah wingi, para pedagang padha sarujuk ora bakal nyerahake wewenang mawa modal marang apa wae, saengga panguwasa mundur saka niyat ngusir pasar. Saka kadohan kura-kura teka rembugan karo penggedhe lan kura-kura madhep penguasa “Nyuwun pangapunten, apa aku bisa ngomong karo bosmu?” Satpam kanthi suara nesu “ora!!!, ora bisa, pak bos ora gelem ketemu, apamaneh nemuni awakmu”  kura-kura kalem kandha “ masak kok gak iso ta, nggo kemaslahatan umat lo pak” satpam “ora iso ya ora iso, kok ngayel jalok geger po” kura-kura“Arep karo kekeluargaan, opo arep kekerasan, geger geden iki, mosok penguwasa seng kudune ngayomi,ngayemi kok semlekete” para penjaga”wes to iku gudu urusanmu” bari nguno kura-kura nuduhake keris ing tangane, para penjaga lan satpame anguwasa “oo wani kuwe, aku dewe ora wedi pasukanmu akeh.. hahahaha serang!” Paprangan punika rame sanget antawisipun wadyabala ingkang nata kaliyan saperangan pedagang lan kura kura kanthi ati-ati lan kendel kura kura menika ngethok sedaya wadyabala ing panguasa ngantos detik pungkasan sang nata melu perang lawan rakyate, kura kura langsung adhep-adhepan kaliyan para nata nalika perang ”ayo rampung kanthi damai" jare si kura-kura nanging sang nata ora nggatekake omongane kura-kura “ayo dirampungake kanthi rukun” jare kura-kura, sang nata nguwasani anak buahe saya sitik lan bakal kalah, akhire penguasa bengok-bengok marang pasukane “mudurrrrrrr!!!” Pasukan sing krungu bengok-bengok bose mundur alon-alon banjur lunga. Kura-kura lan para pedagang banjur bungah.

La dalah sesoke sang panguwasa nggowo pasukan luweh akeh, sang nata”iki hakku ngubah pasar iki, lungoo kabeh seko kene” preman “ya ojo nguno ta ya, aku neng kene yo duwe hak la pye geger po” pardi”info,info geger geden maszeh” sang nata “wes njurke kabeh kana” guneman kro pasukane, pasukan banjur manut langsung “yoooh” preman” geger geden tenan ki su” kura-kura seko adohan weroh iku langsung sat set ngumpulake para pedagang lan sak isi pasar nggo gempur lan ngelawan sang nata. Lumakune perang pasukan sang nata pada kualahan lan kalah, sang nata bingung. banjur kura-kura marani sang nata ngajak rembug terbuka, akhire sang nata sarujuk karo undhangan kura-kura nanging rembugan digae tertutup sing mung dirawuhi wakil saka pihak lorone. Kura-kura minangka senapati pedagang kanthi cekatan milih wong sing pas kanggo ngadhepi penguasa, rapat kasebut lumaku kanthi slamet lan tentrem nganti pungkasane panguwasa milih pindhah lokasi supaya ora ana getih sing metu, kanthi syarat Kura-kura gelem nulungi lan jaga pasar dadi luwih apik san saya luwih apik. Kura-kura meneng lan ora wani ngomong ya amarga kura-kura rumangsa ora bisa apa-apa lan ora pantes dadi panutan ing pasar, nanging para pedagang ujug-ujug njawab ya setuju karo kahanan kasebut. Para pedagang kanthi hormat ngunggahake lan matur nuwun marang kura-kura sing wis nulungi para pedagang supaya tetep saget kerja kanggo nyukupi kulawargane, dumadakan para pedagang kasebut nyeluk kura-kura cangkang emas amarga ulet, sabar, cerdas, kanthi ati sing resik lan wani ngabdi marang masyarakat. tanpa mikir awake dhewe lan luwih.ngutamakake masyarakat supaya luwih maju lan maju.

Lan pungkasane kura-kura sarujuk amarga kekarepane para pedagang wis owah saben dina, pasar saya akeh lan maju nganti diakoni dening kutha-kutha liyane lan dikenal ing njaba negara lan pasar dadi jalur perdagangan donya. Kura-kura amung batin iki wes dadi dalane gusti iso dadi segede iki mergo pitulungi pangeran.


TAMAT

Komentar

Postingan Populer