Langsung ke konten utama

Unggulan

Ki Ageng Suryomentaram: Pencari Bahagia di Balik Kemewahan Istana

 Perjalanan dari Istana ke Kesederhanaan Ki Ageng Suryomentaram, lahir pada 20 Mei 1892, adalah putra ke-55 dari Sri Sultan Hamengku Buwono VII dan Bendoro Raden Ayu Retnomandojo. Awalnya bergelar Bendoro Pangeran Haryo (BPH) Suryomentaram, ia dikenal sebagai bangsawan yang memutuskan untuk meninggalkan kemewahan istana demi mencari makna kehidupan sejati. Pencarian ini bermula saat ia menyaksikan beratnya perjuangan para petani di sawah, sebuah pemandangan yang mengguncang batinnya. Tak lama kemudian, ia meninggalkan istana dan mengembara dengan nama samaran Natadangsa, menjalani hidup sebagai pedagang batik, petani, hingga kuli. Kesederhanaan hidup ini membuka hatinya untuk memahami makna kebahagiaan sejati. Filsafat Bahagia: Kawruh Begja Ki Ageng Suryomentaram menjadi guru dari aliran kebatinan bernama Kawruh Begja (Ilmu Bahagia). Ajarannya yang terkenal, Aja Dumeh (jangan menyombongkan diri), menekankan pentingnya kerendahan hati dan menghargai kesetaraan manusia. Menurutnya, b...

Binangun

 Inggahan niki tumut remen karyanipun Rama Wargisastro.


Plenikan Setunggal.


1 - Nerang jawah rinumpaka.


Wranggana Sela Kandha Waru Binangun

apsantun dhahat rupini,

rerengganing jagad èstu,

giwangkara tan andugi,

isa nimbangi kang sorot.


2 - Bebondhètan asta tunduk.


Sakethi cacahé wutuh,

amung saged dèn jangkepi,

sang Diyah Wara Sembadra,

tan saged pikantuk tandhing,

ring Dèwi Wara Pandlika,

alepira sang Iswari. 


3 - Walang gung lir patra wilis.


Wanodyadi satuhu,

anteng jatmika luruh pinunjul,

Retnaning Ayu Dèwi Kendheng Pamali,

gandhes luwes sang Marmadu,

iwa Sekaring Kedhaton. 


4 - Medal kang sinalin basa.


Sesilih Diyah Banoncinawi,

abranya mancorong,

setya luhur tulus ing budiné,

tyasé pindha musthika anggalih,

rèrèh ruruh ririh,

ajèr klawan ajur.


5 - Punang atma nulya murcat.


Wanita nedheng diwasa éndah hayu,

arum aruming pun rèni,

rinengga busana sindur,

gawé kasmaraning budi,

ingkang samiya hanonton. 


6 - Rèntèng ginandhèng anglwir.


Sanadyan wonten Narwadhu,

angéjawantah ananging,

sulistyané datan bisa,

timbang kalawan sang Putri,

Rara Ireng ya sang Diyah,

Ayu Dèwi Kendheng Knari. 


7 - Pundhuh kang sinalin basa.


Wara Sumbadra wau,

asmané ugi sinambat arum,

Retnaning Kusuma Dèwi Mandondari,

grapyak alus ingkang wuwus,

iba hanggana kinaot. 


8 - Wuryaning rèh ingsun mastani.


Sesilih Éndhang Turanggajati,

atmaja sang Katong,

Suraséna Mandura prajané,

tarlèn jejuluk Basudéwa Ji,

Ratu Gung kawarti,

apadéné komuk.


9 - Kadya pinisah atmanira.


Wadana risang Niken melok sumunu,

anglwir babaring pun rukmi,

réma njanges ngembang bakung,

gilar-gilaring kang warni,

iwen datan damel kolog.


10 - Prasasat kanthèt kekanthènan asta.


Simpanging wreksa panuju,

atmaja Girah Narpati,

sesilih Dyah Maduretna,

tuhu aris batos lair,

rumesep lamun minangka,

adeg manising palupi.


11 - Walang stri kalangkung ageng.


Wahyaning janma ngandhut,

asung pekah sega kang wus mambu,

racikanira merit hangudhup mlathi,

gares lurus lir pinatut,

ingkang humyat samya gawok.


12 - Larasing driya rinumpaka.


Sesolahipun sang Putri sarwi,

anggung andhap asor,

susila hanuraga adaté,

trus bangkit ngénaki tyas sasami,

raksi punang rèni,

ambawang sawungkul. 


13 - Kambang-kambang kumambang kang rukmi.


Dèwi Mrèngès pangajap kang sarwa manis,

Éndhang Bratajaya,

Éndhang Brajajaya ugi,

wewangi risang Kesuma.


14 - Dhaon kang maksih mudha.


Dèwi Rohini pun asma,

kang mangka jejering wibi,

Pramèswari Suraséna,

Basudéwa Sri Bupati,

sang Dèwi Badrahini,

ugi sesilih sang Wadu,

tansah ndhèrèk keng raka,

hanggènya mranata nagri,

adil pramarta susastra adicara.


15 - Ngungun ing tyas larasmara.


Awét sakalangkung laksmi,

sang Dèwi Wara Subadra,

tan sinélak gya agawé,

Kusumaning Maduretna,

manggeng kaliling ana,

jroning nala para jalu,

anèng salumahing praja.


16 - Kaga kresna kang mémba warna.


Nora ngemungaké walija ing,

wengka Nagari Suraséna kang, 

wulangun mring sarirané.

Sri Kusumaning Ayu,

hananging yadi kathah saking,

laladan manca praja,

ingkang kapirangu,

maring éndahing sang Retna,

kawimbuhan naya mamanis sinidi,

jangkeping subasita. 


17 - Lumaris dhateng wingking.


Atmajéndra Wong Agung ing Mandrapura,

kang kontab akekasih,

Radyan Burisrawa,

Satriya Madyapura,

kataman ing sambang liring,

nalikanira,

kapanggoh risang Dèwi. 


18 - Lumaris dhateng wingking.


Prasasat kasamber ing gelap sayuta,

handaredheg pun galih,

Harya Burisrawa,

hangèksi ingkang prapta,

putri ing ngarsanirèki,

lep tanpa pindhan,

pinunjul tanpa kanthi.


19 - Sedya minger tan mangadhep.


Legeg-legeg risang Harya,

datan wènten pangandikan umijil,

kedhèp tesmak nggènnya ndulu,

sirna karosanira,

raga pinepes lir linolos pun bayu,

raos dineres jroning tyas,

dadya sih tresna kepati.


Wonten candhakipun. 


Matur sanget nuwun awit lodhang saha kawigatosanipun. 

Rahayu Sanggyaning Tumitah. 


Plenikan Kalih. 


20 - Nerang jawah rinumpaka.


Kandhuhan brangta dyan Harya gya mangungkung,

kadya kang sampun winuni,

warnanira punang Wadu, 

tansah maléla nèng ati,

rinten lan dalu cumondhok.


21 - Bebondhètan asta tunduk.


Sasat tanpa jiwa lamun,

datan bisa hamulat mring,

citranira pun Sembadra,

Radèn Burisrawa kongsi,

lam-lamen sajroning nala,

karungrungan nandhang brangti.


22 - Walang gung lir patra wilis.


Sobrah patrap ing sabuk,

rasanira prasasat dinudut,

manjing néndraloka nuli aneksèni,

sang Wara Sembadra anggung,

rinungrum arsa pinondhong.


23 - Sumèlèh ring kamulyan.


Dyan Cindhé Kembang tetedha,

bisoa pun Sumbadra dadya kanthi,

wét pranyata sang Retna wus,

dadi kadang ing tingal,

ya sayekti panujuning ati destun,

katresnan kang wus winahya,

datan antuk timbang sami. 


24 - Kaluwak wastané kang woh.


Dyan Harya prasapa nora arsa mengku,

wanudya waneha,

Rara Kusumaning Puri,

yektos mung sang Rara gantilaning driya. 


25 - Gatrané kang selaning marga.


Kocapa sang Rara tan purun winengku,

Radyan Burisrawa,

ujaring kang wus kawijil,

nedya lampus jinempana ing maruta. 


26 - Pangajab kang sarwa nyengsemaké.


Kadi pratima nggènnya mrangkani,

baya sang Retna ngungkurken tresna,

sasat binubut sukmané,

panggalihira inggung,

dheleg-dheleg sang Salyasiwi,

aran lajering wreksa,

borèh gandané rum,

généya sang Dèwi datan,

pasajèng driya tangguh bisa nimbangi, 

brangtanipun sang Harya.


27 - Kang patra minangka rerenggan.


Katresan wardayanira kadi,

katempuh sara hamawa wisa,

tumanceb anèng manané,

kinecer jeram arum,

mulwa rengka paninging tiris,

sangsaya manastapa,

driyanira wastu, 

renggan puspa anèng karna,

gandrungira sang Harya nora tinampi,

dèning Sekaring Pura. 


28 - Kiswa tumangkul ing karna.


Éling-éling putra Nata,

tedhaking andanawarih,

satriya gagah pideksa,

tuhu sekti pilih tandhing,

mpu astra Majapait,

émané awarna diyu,

nandhang lepat pun rama,

pari tinandur nirwarih,

Rsi pinasthika garising pesthi déwa.


29 - Werdining pun smara kingkin.


Anggung sepen anèng galih,

Radèn Harya Burisrawa,

tan papak klawan kadangé,

kalulun tumindak durta,

para Sata Kurawa,

lumuh maring rèh rahayu,

tata trapsilèng dèn cidra.


30 - Aran sengsem kang kinawi.


Datan wènten ingkang paring,

pituduh mring kautaman,

tumrap sang Harya ing kono,

marma saniskarèng patrap,

manggeng apepéka,

nirken subasita tan wun,

temahan pan dadi nistha.


31 - Atmanira nulya murcat.


Radèn Harya nitya hanggelar piangkuh,

tan pegat lelaku juti,

dorantara sang Dyah purun,

sumadiya hangladosi,

karsané pun risang Anom.


32 - Sulastri kang sinalin basa.


Katingal sangsaya hangranuhi,

sang Harya ing kono,

kaladuk asoring bebudèné,

mengèng tuduh lalyèng wirang mesthi,

wuruk hyun pribadi,

pun Rara tan limut.


33 - Rèntèng ginandhèng anglwir.


Prasetya kang tan jinurung,

tresnanira Salyasiwi,

Radèn Harya Burisrawa,

maring Sang Kendheng Pamali,

tresna kebak panalangsa,

wastu matrenyuh ing galih.


34 - Pundhuh kang sinalin basa.


Lwir nuthuk amun-amun,

Sang Kusuma wus tinalyèng wuwus,

kalawan kadangira wredha hanenggih,

Sri Kresna Dwaraka Prabu,

kang wus netepaké jodho.


35 - Rinengga ing tembang pamiyos.


Tumprap sang Dèwi Kendheng Kenari,

tan sanès sang Anom,

Radèn Wijanarka pamadyané,

Pandhawa atmaja Dèwi Kunthi,

kaloka respati,

maring para wanu.


36 - Pangajap kang sarwa manis.


Wancinipun tumuruning wiji,

ratu kang mranata Tanah Jawa,

ginaris kanthi dhaupé,

inggih pun Pandhusunu,  

sinandhing Dyah Banoncinawi,

aputraka sajuga

Sang Dipayana ku,

truntuming tèki pun rama,

Ratu Ngastina kang mijilaké trahing,

Aji ing Tanah Jawa.


Matur sanget nuwun awit lodhang saha kawigatosanipun. 

Rahayu Sanggyaning Tumitah.


Wargisastro kang amarni. 

Nuwun.



Komentar

Postingan Populer